Iki critane cak Parjo, Jono, karo Bronto dolan neng Jakarta. Wong 3 kui nginep neng Hotel JW Marriot, kamar e wong 3 kuwi ono neng tingkat 45.
Awan nganti bengi wong 3 kuwi dolan neng Mall. Pas balik hotel, tekan lobby ngerti2 listrike mati!
Lift e yo mati, dadi wong 3 kui kudu lewat tangga tekan kamare. Nah, ben ora kroso munggah tekan tingkat 45, wong 3 kuwi bagi tugas. Soko tingkat 1- 15, Parjo kudu crito sing lucu2, njur tingkat 16 - 30, Jono kudu crito sing medeni, lah tingkat 31- 45, Bronto kudu crito sing sedhih-sedhih.
Wong 3 kui mulai nunggah, Parjo mulai crito sing lucu2, marake wong 3 kuwi ngguyu2 gawe ra kroso wis tekan tingkat 15.
Banjur Jono crito sing medeni marai tegang, ngerti2 wong 3 kuwi wis tekan tingkat 30.
Ra perduli sikile do abuh, mergo seneng, wong 3 kuwi wis cedhak kamare. Giliran Bronto kudu crito.
Bronto (ekspresi rupo sedih): :( "Sakjane soko mau aku arep crito, tapi wedi nek marai jengkel."
Parjo : "Crito wae cepet, wis meh tekan tingkat 40 kii..."
Bronto : "Ngene lho.. kunci kamar e dewe ketinggalan neng mobil.....!!!"
Jono: "Walaahh...., ngopo ra crito ket mau?">:O
Bronto : "Lha aku durung entuk giliran crito..." :D
Sent from my BlackBerry® via Smartfren EVDO Network